Bis Tumpuk Suroboyo Foto by
@rachmad_juliantono
@rachmad_juliantono
Loh, iki onok opo maneh Rek? Suroboyo Bus Cak, Bus Tumpuk werno kuning onok tulisane Bank Mayapada. Hluk.... Bus Tumpuk werno kuning onok tulisane Bank Mayapada. Lah... bus sing nduwur opo yo onok supire Rek? Yo gak onok Cak, peno iku kok onok-onok ae. Lah nek bus sing nduwur onok supire, terus rodane ngawang ngono ta. Peno iku iso ae nek guyonan Cak. Nek peno numpak bus iki Cak, bayare cuma gawe botol plastik utawa gelas plastik, wis gak usah gawe duwik. Weleh.... cik enak e Rek, numpak bus bayare gawe botol plastik utawa gelas plastik. Lah aku terus kudu gawa botol piro Rek supaya aku isok eruh rasane numpak Suroboyo Bus iki. Ngene Cak nek peno pingin eruh rasane numpak Suraboyo Bus iki, peno kudu gawa botol plastik sing gede kabehe telu kanggo sekali jalan. Nek peno bayar gawe botol plastik sing tanggung, peno kudu gawa botol kabehe limo. Tapi nek peno bayar gawe gelas plastik, peno kudu gawa sepuluh gelas. Hluk.... cik enak e Rek.
Sik talah Rek, sing duwe Suroboyo Bus iku sopo? Sing duwe Suroboyo Bus iku Pemeintah Kota Surabaya tapi sing diserahi ngelola iku Dinas Perhubungan Kota Surabaya. O... dadi Suroboyo Bus iki duwek e Pemerintah Kota Surabaya sing dikelola karo Dinas Perhubungan Kota Surabaya ngono ta. Iyo, saiki aku wis ngerti.
Lah Suroboyo Bus iku liwat endi ae Rek. Misale aku teko Kebon Binatang ate nang Pasar Blauran, aku ngedange nang endi? Ngene Cak, pancen Suroboyo Bus iku duwe Jalur Khusus. Jalure Suroboyo Bus iku onok loro. Jalur Ngalor-Ngidul ambek Jalur Ngetan-Ngulon. Jalur sing Ngalor-Ngidul iku teko Terminal Bungurasih arahe Ngalor nganti Jalan Tembaan cidek e Tugu Pahlawan terus balik Ngidul maneh nang Terminal Bungurasih. Halte sing panggonane ngedang Suroboyo Bus iku yo akeh Cak. Supoyo luwih jelas, peno delok ae gambar iki.
Iyo wis jelas Rek. Dadi nek teko Kebon Binatang ate nang Pasar Blauran, aku ngedange nang Halte Musium BI yo Rek. Lah terus engkuk mudune nang Halte Blauran. Iyo Rek, wis ngerti aku.
Lah saiki jalure Suroboyo Bus sing arah Ngetan-Ngulon iku teko endi terus nang endi ae Rek? Nek jalure Suroboyo Bus sing arah Ngetan-Ngulon iku mulai teko Kampus Unesa sampek Kampus ITS Cak. Peno wis eruh tah Kampus Unesa Cak. Yo eruh Rek, aku iki Arek Suroboyo Asli mosok gak eruh Kampus Unesa. Kampus Unesa iku lak sing nang Ketintang iku seh? Loh.... peno ojok salah Cak. Sing tak maksud iki duduk Kampus Unesa sing nang Ketintang, tapi Kampus Unesa sing nang daerah Lidah Wetan iku loh. Luwih jelase Cak, peno delok ae gambar iki. Mulai teko Kampus Unesa nganti Kampus ITS, terus balik maneh nang Kampus Unesa.
Iyo wis, saiki aku wis ngerti. Nek ngono arek-arek tak kandanane ae, tak ajak numpak Suroboyo Bus, Bus Tumpuk werno kuning sing onok tulisane Bank Mayapada. Bayare gak kathik duwik tapi bayar gawe botol plastik utowo gelas plastik. Matur suwun atas penjelasanmu yo Rek.



Asyik tenan Pak Teddy....
BalasHapusTerima kasih telah berkunjung ke Blog kami.
BalasHapusmantaps
BalasHapusTerima kasih telah berkunjung.
Hapus